Jumat, 20 Agustus 2010

LEGENDA


Mula Bukane Kutha Pekalongan

            Nalika jaman Kraton Mataram diprentah Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma, ana wong sekti kang aran Ki Ageng Cempaluk. Ki Ageng duwe anak aran Raden Bahu. Raden Bahu nuruni kasektene wong tuwane. Mula sawise diwasa Raden Bahu didhawuhi ngamalake ilmune.
            Raden Bahu banjur ninggalake wong tuwane saperlu ngabdi ana ing Mataram. Kebeneran ing Mataram lagi mbendung Kali Sambong. Wis suwe pambendunge nanging ora rampung – rampung. Panglamare Raden Bahu ditampa kanthi syarat bisa mbendung Kali Sambong. Kanthi kasektene Raden Bahu, pambangune Kali Sambong cepet rampung. Sawise Raden Bahu bisa ngalahake siluman kang arupa Raja Siluman Ula. Pambangune bendungan dibantu Raja Siluman Ula.
            Sultan Agung rena penggalihe midhanget kabar yen Raden Bahu kasil mbendung Kali Sambong. Nanging Raden Bahu isih diparingi tugas maneh. Raden Bahu kadhawuhan nglamarake Putri Desa Kali Salak kang aran Dewi Rantamsari. Pisan iki Raden Bahu ora kasil amarga Dewi Rantamsari seneng marang Raden Bahu. Semono uga Raden Bahu.
            Kanggo lapuran marang Kanjeng Sultan, Raden Bahu ngapusi Kanjeng Sultan, kanthi ngapusi ngganti Dewi Rantamsari nganggo wanita liya sing padha ayune. Sultan Agung sejatine mung pengin mbuktekake budi pakertine Raden Bahu. Mula bareng priksa tumindake Raden Bahu sing ora setya dadi cuwa penggalihe.
            Raden Bahu antuk ayahan maneh kanggo mbayar kaluputane. Raden Bahu kadhawuhan mbabad Alas Gambiran. Raden bahu kapeksa budhal tanpa nggawa prajurit, amarga prajurite padha wedi. Nalika Raden Bahu miwiti arep mbabad alas, dheweke diserang para siluman sing sekti. Raden Bahu kalah lan mlayu metu saka alas.
            Raden Bahu susah lan isin. Ora wani  bali ing Mataram. Kebeneran Ki Ageng Cempaluk rawuh. Raden Bahu banjur kadhawuhan tapa ngalong. Tapa kanthi cara sikil nggandhul ing pang lan sirahe neng ngisor.
            Raden Bahu banjur tapa ngalong, saking temene anggone tapa, para siluman padha mlayu kalebu Raja Siluman sing nganggu uga kalah. Nanging diapura lan dijaluki tulung supaya mbantu mbabad alas. Pambabade alas rampung banjur dijenengi Pekalongan saka tembung ngalong.