Tampilkan postingan dengan label BAHASA JAWA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label BAHASA JAWA. Tampilkan semua postingan

Jumat, 29 Juli 2011

CERKAK

JAKA BUDHUG

Prabu Brawijaya, raja Majapahit, kagungan putra selisih Raden Harya Bangsal kang ngganteng. Sang Prabu Ndawuhi sowan putrane. “Bangsal, kayane saiki wis wektune kowe karma, piye? Apa wis ana ancang-ancang?” ngendikane Sang Prabu. “Nyuwun duka, Rama. Ing manah dereng wonten krenteg”. “Lho, kok ngono, anakku?”. “Kulo taksih kepengin necep ngelmu. Langkung-langkung ingkang wonten njawi rangkah, inggih punika wonten ing sabrang.”
            Sang prabu banger dukane. Panjenengane ora nayogyani bab iku. Kudu nindakake dhawuhe raja yaiku karma. Wusanane Bangsal mlayu saka kraton. Tekade wis kepleng ninggal kraton. Bengi iku kawitan njajah panggonan sing during tau diambah.
Saking ora kerumate awake marga mung niyate ninggal kraton, awake dadi gudhigen lan gandane ora enak, amis. Mula, banjur katelah jenenge Jaka Budhug.
Lakune sangsaya adoh nganti tekan desa Dhadapan. Ing desa iku ana Mbok Randha. Gandheng mesakke, Jaka Budhug dijak manggon ing gubuge Mbok Randha.
Nalika Jaka Budhug kepengin ngombe banyu klapa, Jaka Budhug nembung Mbok Randha. Mbok Randha ngentukake. Erame Mbok Randha, Jaka Budhug ora menek, nanging mung ngranggeh papah godhonge. Sawise iku godhong-godhonge dibuwang, sing dipurih mung blukange. Blukang iku dienggo teken sing dijenengake Luh Gadhing. Blungkang iku kaya wesi kuwate.
Pijuju Raja Puhan nganakake sayembara. Sapa sing nyigar watu sing ngalang-ngalangi bendungan ing kali Sawur bakal dijodohake karo putrid Nawang Wulan.
Mbok Randha mangkat ngajak Joko Budhug. Nanging tekan ing panggonan Jaka Budhug padha diina amarga awake kuru, kebak gudhig, kaya wong lara budhugen. Tanpa keyana watu iku disabet nganggo blukang, pecah sanalika. Dumadakan banyu mili, binarung surake wong-wong.
Bengine Raja Puhan ora kepenak penggalihe. Nawang Wulan rak ora memper entuk jodho bocah kaya ngono. Esuke Raja Puhan nimbali Patih, “Patih, apa kowe ngerti apa sing lagi dakpenggali?”
Patih ora semaur, dhewekke mung manthuk. “Jaka Budhug sing awake gudhigen kae kudhu diresiki. Nganti babar pisan ora kethok gudhige,” ngindikane Raja Puhan.
Patih budhal ngajak Jaka Budhug, nanging patih tumindak nyleneh. Jaka Budhug dipredaya. Sang Prabu kaget, nanging seneng. Wusanane dianaakke upacara gedhen. Mung erame, nalika mayite Jaka Budhug dilebokake luwang, mayite saya dawa. Ora let suwe ana swara ing awing-awang, yen Nawang Wulan pancen jodhone.
Kanthi sedhih penggalihe Raja Puhan, Nawang Wulan diprejaya, mayite dikubur bareng Jaka Budhug. Sang Prabu dhawuh mindhah kuburan ing tlatah sing dhuwur amrih ora kebanjiran.

Jumat, 20 Agustus 2010

LEGENDA


Mula Bukane Kutha Pekalongan

            Nalika jaman Kraton Mataram diprentah Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma, ana wong sekti kang aran Ki Ageng Cempaluk. Ki Ageng duwe anak aran Raden Bahu. Raden Bahu nuruni kasektene wong tuwane. Mula sawise diwasa Raden Bahu didhawuhi ngamalake ilmune.
            Raden Bahu banjur ninggalake wong tuwane saperlu ngabdi ana ing Mataram. Kebeneran ing Mataram lagi mbendung Kali Sambong. Wis suwe pambendunge nanging ora rampung – rampung. Panglamare Raden Bahu ditampa kanthi syarat bisa mbendung Kali Sambong. Kanthi kasektene Raden Bahu, pambangune Kali Sambong cepet rampung. Sawise Raden Bahu bisa ngalahake siluman kang arupa Raja Siluman Ula. Pambangune bendungan dibantu Raja Siluman Ula.
            Sultan Agung rena penggalihe midhanget kabar yen Raden Bahu kasil mbendung Kali Sambong. Nanging Raden Bahu isih diparingi tugas maneh. Raden Bahu kadhawuhan nglamarake Putri Desa Kali Salak kang aran Dewi Rantamsari. Pisan iki Raden Bahu ora kasil amarga Dewi Rantamsari seneng marang Raden Bahu. Semono uga Raden Bahu.
            Kanggo lapuran marang Kanjeng Sultan, Raden Bahu ngapusi Kanjeng Sultan, kanthi ngapusi ngganti Dewi Rantamsari nganggo wanita liya sing padha ayune. Sultan Agung sejatine mung pengin mbuktekake budi pakertine Raden Bahu. Mula bareng priksa tumindake Raden Bahu sing ora setya dadi cuwa penggalihe.
            Raden Bahu antuk ayahan maneh kanggo mbayar kaluputane. Raden Bahu kadhawuhan mbabad Alas Gambiran. Raden bahu kapeksa budhal tanpa nggawa prajurit, amarga prajurite padha wedi. Nalika Raden Bahu miwiti arep mbabad alas, dheweke diserang para siluman sing sekti. Raden Bahu kalah lan mlayu metu saka alas.
            Raden Bahu susah lan isin. Ora wani  bali ing Mataram. Kebeneran Ki Ageng Cempaluk rawuh. Raden Bahu banjur kadhawuhan tapa ngalong. Tapa kanthi cara sikil nggandhul ing pang lan sirahe neng ngisor.
            Raden Bahu banjur tapa ngalong, saking temene anggone tapa, para siluman padha mlayu kalebu Raja Siluman sing nganggu uga kalah. Nanging diapura lan dijaluki tulung supaya mbantu mbabad alas. Pambabade alas rampung banjur dijenengi Pekalongan saka tembung ngalong.